Si Dungu
Si bodo kalian adhine si dungu gesang neng tengah
dusun. Dijenengi Si Bodo lan Si Dungu amargi, Si Bodo iku apikan ning rada bodo,
nek Si Dungu kuwi yo dungu tenan. Tiyang-tiyang sami gumujeng amargi
tingkahipun kakang adhi menika. Sak wijining dina, Si Bodo ndhawuhi Si Dungu
nyade hp wonten toko.
Si
Bodo : dek, mbok hp 3G iki
didol! Nek didol kan iso nambah dhuwit!
Si Dungu : yo, sesuk mas... nek aku lagi ora akeh gawean... biasa
wong sumrepek ki yo ngene iki!”
Si
Bodo : halah... kaya artis wae dek!
Esuk dinane...
Si
Bodo : dek gek didol yo hpne,
nek ngedol regane luwih seko 150.000 yo!
Si
Dungu : iyo mas! Iyik men to koe
ki!
Kanyoto, Si Nakal mireng omongane Si Bodo karo adhine.
Si Nakal iku wong sing elek lan seneng ngerjani uwong. Langsung Si Nakal dolan
neng omahe Si pokel lan Si Colek. Si Nakal,
Pokel lan Colek arep nggarapi Si Dungu.
Si Nakal : waah... iso tak garapi iki! Wah tak rapat sikik ahhh...
(dolan neng omahe si Pokel lan si Colek. )
Si
Colek : ngapae suk ndene?
Ndingaren?
Si Nakal :iki lho aku ki arep nggarapi Si Dungu, kae ki arep ngedol
hp rusak rega 150.000an. Gek retira, si bodo kae ngarani hp kaya ngono kuwi 3G!
Padahal yo gur hp ecek-ecek.
Si
Colek : wah bodo tenan tho kae
ki!
Si
Pokel : heh...aku duwe ide apik
iki nggo ggarapi kae!
Ing toko, Si Dungu ketemu Si Nakal.
Si
Nakal : ngapae bung rene?
Si
Dungu : iki, arep ngedol hp.
Si Nakal : wo lha dungu tenan to koe ki, dolanan kaya ngono diarani
hp. Kuwi ki dolanane cah cilik sak umuran TK kae lho...wo alah jan! (Si nakal
langsung lunga)
Banjur, Si Dungu ketemu Si Pokel...
Si
Pokel : arep ngapae bung?
Si
Dungu : ngedol hp.
Si
Pokel : kuwi ki mung dolanane
cah cilik, dong ora je? Regane pira?
Si
Dungu : Rp 150.000
Si Pokel : wah, kelarangen nek dolanan rega semono kuwi! Wah wegah
lah!(Si pokel lunga)
Si
Dungu : wo lha bocah do edan,
kaya ngene diarani dolanan, ngene-ngeneki hp 3G!
Banjur Si Dungu nabrak Si Colek...
Si
Colek : sontoloyo! Tak kira
setan iki mau! Arep ngapa bung?
Si
Dungu : ngedol “HP”.
Si
Colek : heh, tak kandani yo...
Si
Dungu : ngapa, iki dolanan ngono?
Si
Colek :gene yo reti! Di dol piro
iki?
Si
Dungu : Rp 150.000
Si
Colek : Kelarangen, Rp 75.000
wae piye? Tak tukune!
Si
Dungu : piye yo? Yo wes lah ra popo.
Timbange ra sido entuk dhuwit. Ndi dite?
Si
Colek : nyoh!
Neng
ngomah, Si Dungu cerita ro mase, mase muring-muring karo adhine.
Si Bodo :
wo alah dek-dek... kok yo dadi uwong ki dungu tenan to yo! Jan tobat aku!
Si Dungu : lha piye mas, aku wes kesel je. Yo wes nek Si Nakal, Pokel
lan Colek tak garapi piye?
Si
Bodo : sak karepmu!
Esuk dinane, si dungu ngajak Si Nakal, Pokel lan Colek
mangan neng warung.
Si
dungu : ayo maem bareng karo aku,
neng warung kae lho!
Si
Nakal : yo ayo
Si
Pokel : heh, ngopoe, kok
ndingaren gelem karo Dungu.
Si
Nakal : heh, nek ngajak dungu
kan mengko adhewe iso mangan gratis. Gelem ra?
Pokel&Colek : OK!
Si
Pokel : wah, enak yo panganane.
Si
Colek : ho’o je, nek mangan
gratisan saben dina aku ndene!
Si
Dungu : heh, aku tak neng kamar
mandi sek yo!
Si
Nakal : yo, tapi aja suwe-suwe
yo!
Kanyata,
si Dungu kuwi mau ngandani sing duwe warung, jenenge Paijo.
Si
Dungu : Jo, mengko le mbayar
mangan wong telu kae yo.
Paijo : Lha ngopo?
Si
Dungu : Lha aku ki mangkel karo
kae ki, wingi do nggarapi aku, mosok hpku dituku rega Rp 75.000, gek masku
muring-muring meneh.
Paijo : yoh! Sek yo, takparani kae.
(marani colek lan pokel)
Paijo : heh, koe kapan le mbayar? Warunge
wes arep tutup!
Si
Nakal : wAah, mengko sek mas, le
mbayar kancaku. Lagi neng kamar mandi.
Si
Pokel : ho’oh
Paijo : wong neng warung iki wes ra
ono wong kok! Kancamu wes bali!
Si
Colek : Haduh ra sido mangan
gratis iki. Aku ra duwe duit meneh.
Si
Nakal : cotho aku!
Paijo : o... arep mangan gratisan? Ayo
melua aku, tak jak neng penjara, ben isa mangan gratisan. Ayo!
Si
Nakal : haduh mas, aja mas!
Si
Pokel : ho’o mas!
Si
Colek :
mamake...ibuke...tulung...
Si
Dungu : makane, dadi wong ki
rasah nggaya. Dumeh pinter nggarapi wong terus. Ha...ha...
Banjur si Nakal, Pokel, lan Colek bebas amargi
ditulung keluargane masing-masing. Makane, orasah sok jail, lan garapi uwong.
No comments:
Post a Comment